Opo iku Rura Basa lan Nopo Wae Tuladhane?

Opo iku  Rura Basa lan Nopo Wae Tuladhane?

Rurabasa yaiku basa sing luput ananging dianggep lumrah ana ing basa padinan. Rurabasa iku biasane diajarake neng sekolahan-sekolahan mbuh iku SMP lan ugo SMA. Terus nopo wae tuladhane Rura Basa iku?

Tuladha Rura basa:

·         Adang sego: seng bener yaiku adang beras supaya dadi sega

·         Mangan awan: sing bener yaiku mangan sega ing wayah awan

·         Mbunteli tempe: sing bener yaiku mbunteli tdhele godhog kang wis dirageni supaya dadi tempe

·         Menek kelapa: sing bener yaiku: menek wit kelapa

·         Mikul dhawet: sing bener yaiku mikul angkring isi wadah dhawet

·         Ndheplok gethuk: sing bener yaiku ndheplok tela supaya dadi gethuk

·         Ndhuduk sumur: sing bener yaiku ndhuduk lemah kanggo gawe sumur

·         Ndondomi klambi: sing bener yaiku ndondomi bakal digawe klambi

·         Nganam klasa: sing bener yaiku nganam pandhan/mendhong digawe klasa

·         Ngethok gedhang: sing bener yaiku ngethok wit gedhang

·         Nguleg sambel: sing bener yaiku nguleg Lombok lan bumbune digawe sambel

·         Nunggu manuk: seng bener yaiku: nunggu pari supaya gak dipangan manuk

·         Nyangking banyu: sing bener yaiku nyangking ember isi banyu.

 

Nah niku wau adalah Pengertian Rura basa la tuladhane. Mugi- mugi tulisan niki saged bermanfaat kagem kulo panjenengan, siswa-siswi lan uga masyarakat sedanten. Niku mawoon tulisan kulo wayah iki kurang luihipun kula nyuwun pangapunten sak ageng-agengipun.

Belum ada Komentar untuk "Opo iku Rura Basa lan Nopo Wae Tuladhane?"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel