Apa Kang Dimaksud Palakrami Adat Jawi

Apa Kang Dimaksud Palakrami Adat Jawi

 

Palakrami inggih menika sawijinipun rangkepan upacara ingkang dipun lampahi antawisipun priya lan wanita kangge ngalalaken sedaya tumindak ingkang magepokan kaliyan panggesangan salakirabi kangge mujudake sawijinipun balesorah. Kangge nglampahi polokrami tiyang jawi mesti madosi dinten ingkang sae pramila kedah di suwunaken pirembugan saking para winasis petungan dinten adhedasar patokan primbon jawi lan agami

Sakderengipun palakrami katidakaken, wonten pinten-pinten bab ingkang kedah dipun tindakaken, sae kanggo calon penganten kakung menapadene putri, miterat sumarsono (2007), tatacara palakrami adat jawi inggih manika

 

A.    Kaping 1 (Antawicara)

Inggih punika pangandikan antawisipun pihak ingkang badhe kagungan hajat mantu kaliyan pihak calon besan, saking pangandikan sepisan dumugi anggenipun nglamar saha nemtokake dinten ingkang gumathok

 

 

B.     Kaping 2 (Paseksen)

Babak puniko mujudaken kangge ngiataken rembag ingkang disekseni kadang sanes utawi sepuh lan sesepuh kiwa tengenipun dalemipun, kante rantamaning acara inggih punika:

 

1.      Srah-srahan

Inggih punika nyaosaken saprangkat jangkepan sarana kangge nglancaraken kaleksananipun kajat ngantos dumugi purna. Menggah saprangkat jangkepan sarana inggih punika:

 

a.      Sesupe ujane.

Undeng dipun damel bunder boten wonten pedhotipun. Supados katresnan piyambakipun boten pegat sendangunipun gesang.

 

b.      Saprangken ageman putri.

Maknanipun satunggal lan satunggalipun kedah pinter nyimpen pendos dumateng tiyang sanes.

 

c.       Alesan ingkang kadamel saking emas, intan  lan sapanunggale.

Ngemu surasa supados calon penganten saget ngupadi supados sumunar lan boten damel suwaning penganten priya

 

d.      Jajanan pasar

Kadadosan saking jadah, lapis, wajik, jenang ingkang sedanten kadamel saking beras ketan. Beras ketan sakderengipun diolah hambur, ananging saksampunipun diolah wujudipun dados rumah get sakmenika ugi pangarep-arep temanten kekalih supados saget raket sak lawasipun.

 

e.       Woh-wohan

 

f.        Godhong suruh

Godhong suruh punika ngajeng lan wingkinginipun benten werna. Ananging menawi dimamah rasanipun sami mawon. Sakmenika anggadahi surasa menawi temanten kakana sakit jumbuh tanpa ngorbanaken benten pamawas

 

2.      Paningsetan

Lambang kekiyatanipun pangandikan temanten saget ngawujudaken paningset ingkang ditengeri dening tukar kalpika dening calon temanten kekalih.

 

3.      Asok tukon

Inggih maneka nyaosaken takon arupi arta kagem mbiyantu keluwarga penganten putrid

 

4.      Gethok dina

nggethokaken dengan kagem ijab kobul lan resepsi. Biasanipun kaluarga penganten putri nggethokaken dinten ijab qabul saking para winasis petungan dinten.

 

 

C.    Kaping 3 (Siyaga)

Wonten ing babak punika ingkang gadhah kajat mendah para sesa polan pinisepuh ugi sanak kadang, cak imam bentuk panitiya kagem nglampahi kegiyatan upacara-upacara adat wonten ing dinten kajatan. Lintang dipuncakaken antawasipun.

 

1.      Sedahan

2.      Kumbakarnan

3.      Jenggolan utawi jonggolan

4.      Calon temanten kekalih lapor dhateng kua

 

D.    Kaping 4 (Rantamaning Upacara)

Wonten pirang-pirang perkawis wonten ing babak punika, antawisipun

 

1.      Pasang tratag lan tarub

Pasang tratag ingkang dilajengaken pasang tarub. Ciri tarub inggih menika ingkang maha kopi rerenggan janur lan paesan liya kanthi manca warni

 

2.      Kembar mayang

Saking tembung kembar tegesipun sami, kaliyan mayang tegesipun sekar jambe utawi kalpataru dewandaru, lambang karemenan lan sugeng. Wondene kawi wahan sampun cekap. Kembar mayang dilabuh wonten ing prapatan mergi, samudra lan sapanunggalanipun kagem maksud supados pengantin ugi eleng kaliyan asal-usul gesangipun inggih punika saking bapak kaliyan ibu dumados parantaraanipun gusti pangeran ingkang maha kuwaos.

 

3.      Pasang tuwuhan (pasren)

ditrapaken wonten lawang tumuju papan lenggah penganten. Lowongan kados biasanipun inggih punika wit-witan ingkang anggadhahi makna:

 

a.       Janur

Mugi supados penganten ingkang nggadhahi nur utawi cahya terang saking ingkang maha kuwaos

 

b.      Godhong kluwih

Mugi kajatan ipun mboten wonten kekiranganipun, mbokbilih malah angsal kaluwihan saking ingkang diatengaken

 

c.       Godhong waringin lan rencek-rencekipun

Di pendet saking tembung pengen tegesipun cita-cita ingkang di remen aken mugi-mugi katindakaken

 

d.      Godhong dadap serep

Saking tembung rep, tegesipun adem, teduh, tentrem, lan mboten wonten gangguan

 

e.       Pari sawuli

Gadhahi teges saya wonten isinipun saya merunduk. Mugi kedah kaluwihan lan kacukupan gesangipun, saya entheng suku kaliyan astanipun  kaliyan kedah siyap mbiyantu sami ingkang kekirangan

 

f.       Cengkir gadhing

Toya degan inggih punika toya suci resik kang lambing menika mugi tresna piyambakipun tetep suci dumugi akhir hayatipun

 

g.      Satundun gedhang raja suluhan

Mugi mbenjang nggadhahi wateg ingkang sami kaliayan raja hambeg para marta ingkang ngutamaaken kapentingan umum

 

h.      Tebu

Antepanipun kalbu yen sampun mantep nemtokake pilihan mboten menga-mengo tengen kaliyan kiwa malih

 

i.        Sekar kaliyan woh kapas

Mugi kekalih panganten menjang boten kekirangan sandhang pangan kaliyan papan kedah pas mboten pas-pasan

 

j.        Sekar setaman di bokor

Mugi gesangipun kekalih pengantin kedah padhang kaya dene sekar ing taman

 

4.       Siraman

Umbarampe ingkang kedah disiapaken awujudipun toya sekar setaman, inggih punika toya ingkang kapendhet saking 7 sumber toya mata air ingkang disukani sekar setaman inggih menika mawar melati kaliyan kenanga

 

5.       Adol dhawet

Upacara menika kalaksanakaken saksampunipun siraman. Penyadenipun inggih punika ibu calon penganten putri ingkang dipun payungi kaliyan bapakipun. Ingkang mundhut inggih punika para tamu kanthi arta pecahan kreweng. Upacara punika ngandhut pangajab supados mangke wektu upacara panggih lan walimahan kathah tamu lan rejeki ingkang dating

 

6.       Midodareni

Midodareni inggih manika ndalu sakderengipun akad nikah, inggih manika lalu mual akan masa lajang kagem kekalih calon penganten. Adicara punika kalaksanakaken wonten ing griyanipun calon penganten putri. Salebetipun adicara punika wonten adicara ngantri kanggé mesthèkaken calon panganten kakung saged rawuh wonten ing akad nikah lan kangge bukti bilih kaluarga calon penganten putri sampun siap nglaksanakaken upacara wonten ing dinten sak lajengipun. Midodareni saking tembung widodari ni saklajengipun dados midodareni ingkang tegesipun ndamel kahananipun calon pengantèn putri kadosdene widodari. Wonten ing donya pawayangan kayunipun lan kebagusan ipun calon penganten diibaratake kayadene dewi kumaratih lan dewa kumajaya.

 

 

E.     Kaping 5 (Pucuk Adicara)

 

1.      Ijab qobul

Kadadosan penting wonten hajatan mantu inggih punika ijab qobul. Kakalih calon penganten ngucapaken sumpah wonten ing ngajengipun naib ingkang dipun sak-sake wali beni sepuh lan tiyang sepuh kekalih kaliyan para tamu undangan.  Wektu akad nikah, ibu saking kekalih mboten ngagem subang utawi giwang supados wujudaken keprihatinan kadadosan nikahaken utawi ngentasaken putra

 

2.      Upacara panggih

Wondene reroncening adicara upacara panggih inggih punika;

 

a.      Liron kembang mayang

Kekalih calon penganten tukar kembang mayang gadhahi teges manunggalaken cipta rasa lan karsa kangge sareng-sareng mujudaken kebhagiaan kaliyan kawilujengan

 

b.      Gantal

Godhong suruh dipungulung alit dipuntaleni bolah putih ingkang dipununcalaken kaliyan piyambak-piyambak pangantèn, kanthi pangajab mugi sadaya godha bakal musna keno uncalan punika

 

c.       Ngidak endhog

Pangantèn kakung ngidak endhog pitik ngantos pecah kagem simbol seksual kekalih penganten sampun pecah pamoripun

 

3.      Sukunipun temanten kakung dipun wijiki dening temanten putrid

Wijik ginakaken toya sekar setaman gadhahi amakna supados winih ingkang dipunkasilaken resek saking tindakipun ingkang reged.

 

4.      Ngunjuk toya degan

Toya menika dipun anggep kangge lambang toya gesang, toya ingkang suci

 

5.       Dipun kepyok ginakaken sekar warna warni

Ngandhut tangan alam supados kaluwarga ingkang dipun bina saged raos suka lair lan batin

 

6.      Mlebet ing pasangan

Maknanipun pinanganten ingkang sampun dados pasangan gesangipun kedah siap makarya nindakake kuwajibanipun

 

7.      Sindur

Sindoro utawa isin mundur tegesipun boten cepet gela ngadepi tantangan pagesangan

 

8.      Timbangan

Bapak saking temanten putri lenggah wonten ing antaranipun pasangan temanten kakung suku ingkang kiwa dipun lenggahi temanten putri isinipun pacelaton singkat antarane bapak lan ibu temanten putri inggih punika temanten sampun imbang

 

9.      Kacar kacur

Temanten kakung ngucuraken asilipun dhumateng temanten putri ingkang awujud arta receh lan kalengkapanipun. Ngandhut artos temanten badhe tanggung jawab nyaosi nafkah dhateng keluwarganipun

 

10.   Dulangan

Temanten kakung lan temanten putri podo dedulangan. Ngandhut artos tutur adi linuweh dipun lambangaken ngangge sanga tumpeng.

 

11.  Sungkeman

Sungkeman ungkapan bektos dhumateng tiyang sepuh lan nyuwun donga pangestu. Caranipun jongkok nyepeng dhengkul ipun tiyang sepuh temanten putri dipun wiwiti saking temanten putri dipun dherekaken temanten kakung, lajeng dumateng tiyang sepuhipun temanten kakung

 

12.   Boyongan

Inggih maneka pihak kaluwarga temanten kakung mboyong temanten putri dateng dalemipun temanten kakung saksampunipun pahargyan pawiwahan biasanipun saksampunipun sepekan utawi limang dinten

Belum ada Komentar untuk "Apa Kang Dimaksud Palakrami Adat Jawi"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel