Kerata Basa utawa Jarwa Dhosok lan Tuladhane (Lengkap)

Kerata Basa utawa Jarwa Dhosok lan Tuladhane (Lengkap)

Kerata basa utawa jarwo dhosok yaiku negesi tembung kapirid saka wancahan wandane, utawa nguthak-athik tembunge supaya mathuk.

Tuladahane kerata basa utawa jarwo dhosok yaiku:

·         Anak: kabeh kekarepane kudu ana lan kepenak

·         Bapak: bab apa-apa sarwa pepak

·         Batur: ngembati pitutur

·         Bocah: mangane kaya kebo, pagaweane ora keno dicacah

·         Brekat: apa-apa brak-brek banjur diangkat

·         Cangkir: nyancang piker

·         Cengki: kencenging piker

·         Desember: gede-gedene sumber

·         Dongeng: dipaido ya keneng

·         Garwa: sigarane nyawa

·         Gedhang: digedeng yen bar madhang

·         Gelas: yen tugel ora keno di las

·         Gerang: segere wes arang-arang

·         Guru: digugu lan ditiru

·         Januari: hujan sehari-hari

·         Jaka: apa sing dikarepake kepingin enggal tumeka

·         Kaji: tekade mung siji

·         Kathok: diangkat mbaka sitok

·         Kodok: teka-teka ndhodok

·         Kutang: sikute diutang

·         Krikil: keri ing sikil

·         Kuping: kaku tur njepiping

·         Kupluk: kaku tur nyempluk

·         Kursi: mungkur anggone ngisi

·         Mantu: dieman-eman meksa metu

·         Maratua: mara-mara bareng wes tua

·         Piring: sepi yen miring

·         Prawan: yen pepara ing wayah awan

·         Sepuh: sabdane ampuh

·         Semah: isen-isenne umah

·         Sirah: isine rah

·         Siti: isi bulu bekti

·         Sopir: yen ngaso podo mampir

·         Sruwal: saru yen nganti uwal

·         Tandur: olehe nata karo mundur

·         Tapa: tatane kaya wong papa

·         Tarub: ditata supaya katon murub

·         Tebu: anteping kalbu

·         Tuwa: ngenteni metune nyawa

·         Wanita: wani ditata

·         Wedang: ngawe-awe kadang

·         Weteng: ruwet tur peteng.

 

Niku wau penjelasan lan tuladhanipun kerata basa utawi jarwo dhosok. Mugi-mugi artikel wau saged guno kagem panjenengan lan kulo sedoyo. Maturnuwun.

1 Komentar untuk "Kerata Basa utawa Jarwa Dhosok lan Tuladhane (Lengkap)"

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel