Basa Jawa madya

Basa Jawa madya


Basa madya iku basa ing antarane basa ngoko lan krama. Wujude basa madya yaiku tembung madya kaworan ngoko utawa krama. Basa madya ngoko biyasane isih digawe dening wong ing desa lan pegunungan. Manut wujude, basa madya diperang dadi 3 yaiku:

1.      Madya ngoko

a.      Basa madya ngoko wujude tembung:

·         Madya (ater-ater lan panambang ngoko)

·         Ngoko

·         Dika, mang, samang

 

b.      Ciri-cirine basa madya ngoko antarane

·         Aku, dadi kula

·         Kowe, diowahi dika

·         Ater-ater tak- diowahi dadi kula

·          Ater-ater ko- diowahi dadi dika

·          Ater-ater di- ora owah

 

c.       Anggone basa madya ngoko iku lumrahe:

·         Bakul padha bakul

·         priyayi marang sor-sorane

 

d.      Tuladha:

·         Dika niku klebu beja, olehe panen pari mboten enten sing gabug, samang napake ta

·         Pundi woh-wohané sing becik-becik niku?

·         Niku napa kirang becik?

 

2.      Madyantara

a.      Basa madyantara iku wujude tembung:

·         Madya (ater-ater lan panambang ngoko

·          Ngoko

·         Kang slira (sampeyan), pangkate sesebutan (peprenahan)

b.      Ciri cirine basa madyantara:

·         Aku, diowahi dadi kula

·          Kowé, diowahi dadi sampéyan, samang

·         Ater-ater tak-, diowahi dadi kula

·         Ater-ater ko-, diowahi dadi samang, mang

·         Panambang -ku, diowahi dadi kula

·         Panambang -mu, diowahi dadi sampéyan, samang

·         Panambang -e tetep ora owah

c.       Penganggo basa madyantara:

·         Wong pedesaan marang wong liya kang dianggep luwih tuwa utawa kinurmatan

·          Kode padha priyayi sing wis kulina

·         Bojone priyayi marang sing lanang yen durung kulina

·         Priyayi marang sanake tuwa kang luwih asor

d.      Tuladha:

Sampeyan niku pripun ta mas, seprika seprika kok boten enten sudane.

 

3.      Madya karma

a.       Basa madya krama iku wujude tembung:

·         Madya (ater-ater lan panambang ngoko)

·         Krama lan krama inggil

·         Sampeyan, pangkat, sesebutan paprenahan

 

b.      Ciri-ciriné antara liya:

·         Aku diowahi dadi kula

·         Kowe di wadad i sampéyan utawa samang

·         Ater-ater tak diowahi dadi kula

·         Ater-ater ko diowahi dadi samang, mang

·         Ater-ater di tetep ora owah

c.       Sing nganggo basa madya krama:

·         Padha-padha priyayi sing wis kulina

·         Bojone priyayi marang sing lanang yen durung ngoko

d.      Tuladha:
Mas tinimbang sampeyan ngresula ngoten niku mbok luwung ngenggar-enggar penggalih lan nyenyuwun teng pangeran pinaringan gesang mulya tentrem boten enten sambikala

 

Belum ada Komentar untuk "Basa Jawa madya"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel