Perkembangan lan Pesen Sajroning Tembang Macapat

Perkembangan lan Pesen Sajroning Tembang Macapat

 

A.    Perkembangan Macapat

 

Sejarah perkembangan sastra Jawa panjang dawa banget Prof. Dr. R. M. Ng. Poerbatjaraka wis kasil gawe ikhtisar isi seng nyuguhake pembabakan adhedhasar zaman pusaka-pusaka iku tinulis dening para pangriptane.

 

1.      Sastra Jawa Kuna

Karya sastra yoiku kakawin Ramayana, kakawin Bharatayudha

 

2.      Sastra Jawa Pertengahan

Miturut panemumu para ahli sastra Lan Sastra Jawa. Bates waktu dipatrapake tumrap sastra Jawa kuno diwiwiti Jawa purba nganti watara tahun 1400. Kanggo sastra Jawa pertengahan wiwit tahun 1400-1700 Dening sakwise tahun  kasebut nganti saiki diarani sastra Jawa Anyar. karya sastrane yoiku tantu pagelaran lan Kidung Sundayana

 

3.      Sastra Jawa Jaman Islam

Jroning lembaran sastra jawa islam, ana telu pusaka sing judhulé migunakaké tembung niti, sing maknané tuntunan. Yaiku Nitisewaka, nitisruti. Lan nitipraja. Katelu pusaka iku nadané padha, yaiku isi tuntunan. Nitisewaka dianggit ing jaman pamarentahan slSinuwun Mangkurat II ing kartasura, dene nitipraja digawe ing jaman pamaréntahan sultan agung ing mataram. Nitisruti ditulis déning pangeran karang gayam, yaiku sawijining pujangga krajan pajang sing nang sing manggon ing karang gayam. Asma sakbeneré ya iku pangeran tumenggung sujanapura sujanapuro, sing miturut silsilah asih gantung siwure R. Ng. Ranggawarsita.

Sairing karo sumebaré ajaran islam, secara ora langsung, pengaruh kabudayan islam agawé owah-owahan ing wangun puisi jawa. Saka kakawin sing mawa metrum india dadi kidung sing mawa metrum jawa. Kalungguhan kakawin sing sadurungé minangka puisi resmi digantèkaké déning kidung. Nalika iku okidoki manfaatake dene para intelektual islam kanggo nyebarake ajaran islam ing pasisir lor. nanging suwening-suwe kauripan kidung gèsèr uga saka jawa menyang bali, lan kalungguhané digantèkaké déning macapat kanthi gaya pesisiran lan muncul istilah macapat pesisiran.

Sawise pusat panyebaran agama islam pindhah saka tlatah pesisir menyang pedalaman, yaiku mataram. Kabudayan jawa ngalami pembangunan, Kabudayan jawa dikristalisasi lan dimantebaké, Umpamané macapat dilestarèkaké lan dibakokaké strukturé, nanging uga dimodernaké. Umpamané kanthi pangowahan kalèndher jawa minangka asil rekayasa perpaduan taun saka lan taun hijriyah.

 

4.      Sastra jawa zaman surakarta wiwitan

Zaman krajan surakarta wiwitan, sastra jawa ngalami zaman keagungan. Akeh banget asor sastra sing diciptakaké lan isiné uga manéka warna. Bab iki tuwuh saka pengayoman para raja sing pinuju mengku praja lan wektu semana basa jawa dipigunakaké minangka basa dinas pamaréntahan. Saliyane iku para raja lan para satriya bumi wane mèlu ngubah pustaka. Bab iki minangka stimulan tumrap para peminat lan sutresna budaya padha nyata. Sri Susuhunan Pakubuwana III, Sri Susuhunan Pakubuwana IV, Sri Susuhunan Pakubuwana V, KGPAA. Mangkunagara Iv, R. Ng. Sindu Sastra, KPA. Kusumadilaga lan liyane, minangka tokoh tokoh pamaréntahan pinunjul lan melu ndukung ngembangake kasusastraan jawa saliyane para pujangga sing diwisuda. Sauntara sing bener-bener anggawa sastra jawa mlebu ing abad keemasan ing zaman kasebut yaiku R. Ng. Yasadipura I, pujangga pisanan kraton kasunanan surakarta adiningrat. R. Ng. Yasadipura II utawa R. T Sastranagara minangka pujangga Kasunanan sing keloro

 

 

B.     Pesen Sajroning Tembang Macapat

 

Ing sajroning tembang macapat kakandhut angka awujud pesen. I Made Purna mratelake yen : maneka makna lan suasana sing dikandhut ing sajroning tembang macapat kanggo ngandharake pesen utawa amanat. Kandhutan pesen sing kasusun jroning wangun total en tembung mawa kaidah utawa pathokan sing baku" miturut Teeuw sing dikutip denibg Laginem, miturut konsep semiotik, karya sastra dianggep minangka otanam lan komunikatif. Komunikatif nduwèni makna yèn karya sastra diwadhahi jroning model komunikasi. Jroning model komunikasi ana unsur komunikator lan komunikan. Komponen-komponen iku kanthi fungsiné dhewe-dhewe bisa nganggo njlèntrèhaké manéka konsèp jroning macapat. Minangka sawijining pesen, macapat nduwèni ciri lan makna miturut angkah sing dikarepaké, contoh persen jroning macapat yaiku:

 

1.      Serat wulangrèh

isi serat serat wulangreh luwih ditujokaké marang para pemuda. Ing sajeroné ana pesen ngenani kawaskithan, kapekaan marang tandha-tandha, kajujuran lan kasabaran, rasa urmat lan sapanunggalané.

 

2.      Serat tripama

isi pesen serat tripama iki diandaraké liwat perlambang utawa penampilan lakon pewayangan minangka tuladha utawa simbul. Ana telu tokoh sing dadi tuladha yaiku bambang sumantri utawa patih suwanda saka epos arjuna sastrabahu, kumbakarna saka epos ramayana lan adipati karna utawa basukarna saka epos mahabarata. Miturut katelu tuladha kasebut isi pesené arupa tuladha sipat ksatria sing pantes dianut.

 

3.      Wirawiyata

isi pesen iki ditujokake marang perajurit amarga nyangkut masalah ajaran keprajuritan. Bab sing kakandhut arupa janji prajurit, disiplin, kataatan, katakwaan, ora anngak lan ora sawenang-wenang.

 

4.      Serat panitisastra

pokok-pokok ajaran utawa pesen sing ana jroning karya iku arupa adat istiadat, sopan santun, nilai karta lan derma, tenggang rasa, pendhidhikan anak minangka pendhukung nilai sosial wong tuwa lan sanak sedulur, kawruh kanggo ngandelaké katakwaan marang gusti kang murbeng dumadi.

 

5.      Wulang estri

isi pesen jroning serat iki ditujukake marang para wanita sing bakal nglakoni urip bebrayan. Supaya kauripan rumah tanggané apik, sejahtera lair batin, isteri kudu mangertèni aturan rumah tangga, ngerti watak utawa sipat bojo, teliti, lan ora oleh disiki kekarepané bojo. Ajaran iki disimbolake kanthi paraga dewi adaniggar saka cina, putri raja ternate, dewi citrawati lan lima driji tangan. Simbol-simbol iku mainake gambaran ngenani kegagalan kegagalan lan keberhasilan omah-omah.

 

6.      Candra rini

 isi pesen jroning serat iki arupa ajaran moral tumrap kaum wanita jroning urip omah-omah. Konsep ajaran sing awangun deskripsi sifat, watak, prilaku istri arjuna supaya dadi conto lan dituladhani déning kaum wanita. Istri arjuna sing djadi perlambang yaiku sumbadra, manuhara, ulupi, gandawati, srikandi, manikarja, maeswara, rarasati  lan sulastri.

 

7.      Serat dumbasawala

isi ajaran utawa pesen sing dikarepake Serat dumbasawala yaiku dadi tuladha dening warga keraton surakarta wektu semana. Isi pesan iku utamané ing babagan kepahlawanan etika religiusitas lan sosial

Belum ada Komentar untuk "Perkembangan lan Pesen Sajroning Tembang Macapat"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel