Perkembanganipun Macapat

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.
Salam sejahtera buat teman-teman semoga kita selalu dalam lindungan Allah SWT. Amin yarobal alamin.

Perkembanganipun Macapat





Sejarah perkembangan sastra jawa dawa banget.

Prof. Dr. R. M. Ng. poerbatjaraka wis hasil gawe ikhtisar isi sing nyuguhake pembabagan adhedasar zaman pusaka-pusaka iku tinulis dening para pangriptane.


1.       Sastra jawa kuna.

Karya sastrane yaiku kakwin Ramayana, kakawin bharata yudha.



2.       Sastra jawa pertengahan.

Miturut penemu para ahli sastra lan sastra jawa, bates waktu sing di patrapake tumrap sastra jawa kuna diwiwiti jawa purba nganti watara taun 1400.

Kanggo sastra jawa pertengahan, wiwit taun 1400 – 1700, dene sakwise taun kasebut nganti saiki diarani sastra jawa anyar.

Karya sastrane jawa pertengahan yaiku, tantu pagelaran lan kidung sundayana.



3.       Sastra jawa zaman islam.

Jroning lembaran sastra jawa zaman islam, ana telu pusaka sing judule migunake tembung Niti, sing maknane tuntunan.

Yaiku nitisewaka dianggit ing zaman pamerentahan sinuwun Mangkurat II ing kartasura, dene nitipraja digawe ing zaman pamerantahan Sultan Agung ing Mataram.

Nitisuriti ditulis dening pangeran karang Gayam. Yaiku sawijining pujangga krajan pajang sing manggon ing Karang Gayam.

Asma sakbenere yaiku pangeran Tumenggung Sujanaparo, sing miturut silsilah isih gantung siwure R. Ng. Ranggawarsita.


Sairing karo sumbare ajaran islam, secara ora langsung, pengaruh kebudayaan islam agawe owah-owahan ing wangun puisi jawa.

Saka kakawin sing mawa metrum india dadi kidung sing mawa metrum jawa.

Kalungguhan kakawin sing maune minangka puisi resmi digantekake dening kidung.

Nalika iku kidung digunakake dening para intelektual islam kanggo nyebarake ajaran islam ing pesisir lor ( giri, Surabaya, demak).

Nanging, suwening suwe kauripan dening kidung geser uga saka jawa menyang bali, lan kalungguhane digantekake dening macapat kanthi gaya pesisiran lan muncul istilah macapat pesisiran.



Sawise pusat penyebaran agama islam pindah saka tlatah pesisir menyang pedalaman, yaiku mataram, kebudayaan jawa ngalami kemajuan.

Ing zaman sultan agung ana restrukturisi kebudayaan jawa.

Kebudayaan jawa dikristalisasi lan dimantebake, umpamane macapat dilestarekake lan dibakokake structure, nanging uga dimodernake, umpamane kanthi pangowahan kalender jawa minangka asil rekayasa taun saka lan taun hijriyah.


4.       Sastra jawa zaman Surakarta wiwitan

Zaman krajan Surakarta wiwitan, sastra jawa ngalami zaman keagungan.

Akeh banget asil sastra sing diciptake lan isine uga meneka warna.

Bab iki tuwuh saka pengayoman para raja sing pinuju mengku praja lan wektu semana basa jawa dipigunake minangka basa dinas pamerentahan.

Saliyane iku, para raja lan para satrio punggawane melu ngubah pustaka.

Bab iki minangka stimulan tumrap para peminat lan sutresna budaya padha nyonto.

Sri Susuhan Pakubuwono III, Sri Susuhan Pakubuwono IV, Sri Susuhan Pakubuwono V, KGPAA. Mangkunegara IV, R. Ng. Sindu Sastra, KPA. Kusumadilaga lan liyane, minangka tokoh-tokoh pamarentahan pininjul lan metu ndhukung ngembangake kasusastraan jawa saliyane para pujangga sing diwisuda.

Sauntara sing bener-bener anggawa sastra jawa mlebu ing abad keemasan ing zaman kasebut yaiku R. Ng. Yasadipura I, pujangga pisanan kraton kasunanan Surakarta Adiningrat. R. Ng. Yasadipura II utawa R. T. Sastranegara minangka pujangga kasunanan sing keloro.



nahh itu saja pembahasan kita kali ini, jika mungkin ada kesalahan penulisan dalam konsep materi yang telah saya sampaikan, saya mengucapkan mohon maaf yang sebesar besarnya. karena saya sendiri juga merupakan manusia yang tidak luput dari salah dan dosa, jika teman teman teman berkenan silahkan teman teman bisa ikuti saya dan memberikan kritik ataupun saran pada kolom komentar dibawah. Dan saya ucapkan terimakasih karena telah mengunjungi blog saya yang sederhana ini.

wasalamu'alaikum warah matullahi wabarakatuh.

Belum ada Komentar untuk "Perkembanganipun Macapat"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel