Falsafahipun Tembang Macapat

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.
Salam sejahtera buat teman-teman semoga kita selalu dalam lindungan Allah SWT. Amin yarobal alamin.


Hai teman-teman.!
Apakah teman-teman sudah mengetahui apa Falsafah Tembang Macapat.?
Jika belum mengetahui pas banget nih teman-teman, karena pada kesempatan kali ini kami ingin mengupas sedikit tentang falsafah tembang macapat.
Oke langsung saja ya.


Falsafahipun Tembang Macapat.





1. Mijil

Tembang mijil anggambaraken metu ‘lairipun’ putra.
 watakipun tembang prihatos, amargi tiyang sepuh menawi putranipun badhe lahir ing panggalih tansah prihatos.




2. Maskumambang.

Tembang maskumambang menika anggambarake wekdal tasih lare (masa kanak-kanak).
 watakipun tembang prihatos, jalaran rumaos remen sampun anggadahi gegantilaning ati, naming tansah prihatos menawi putranipun kening bilahi rikala dolanan kaliyan kancane.




3. Sinom.

Sinom anggambarake masa mudha wekdal nem-neman.
Watakipun tembang sinom meniko grapyak, luwes.
Amargi para mudha menika sami wasis wicara grapyak, saha luwes anggenipun srawung kanca.




4. Durma.

Durma anggambarake masa mudha nem-neman ingkang gampil kenging pengaruh kaliyan kawontenan.
Watakipun tembang galak, semangat jalaran kaneman adhakanipun sami remen padudon, kaduk wani kurang dedugo.




5. Asmaradhana.

Asmaradhan anggambarake masa muda nem-neman ingkang sampun wiwit kepranen saha gandrung kaliyan kaneman sanes.
Watakipun grapyak, gembiro, sedih, jalaran menawi kaneman menika nembe nandang kasmaran manahipun tansah was-was, remen saha kuwantos.




6. Kinanthi.

Kinanthi anggambarake wekdal ambangun bale griya utawi gesang bebrayan.
Watakipun tembang: seneng, asih saha gumolong amargi priyantun ingkang nembe palakrama manahipun remen sanget, tansah asah asuh asih gumolong.




7. Dhandanggulo.

Tembang menika anggambarake yuswa sampun sepuh, wiwit kedah saget angatur kabetahanipun gesang, remen makaryo sesarengan, mbiyanthudhumateng bebrayan watakipun tembang supel, manis lan ngremenake.
Sedaya menika jalaran tiyang sepuh ingkang dipunudi saged njumbuhaken kabetahanipun kaluwarga saha bebrayan (lingkungan).




8. Gambuh.

Tembang menika anggambaraken kadewasaning jiwa menika sampun saget manunggalaken cipta, rasa, krasa, saha karsa. Sampun saged njumbuhaken kabetahan lahir  lan batos.
Watakipun tembang menika  minangka pitutur dhumateng para mudha babagan kautamaning pagesangan.




9. Pangkur.

Tembang menika anggambaraken wekdal ingkang sampun lalu yuswa (usia lanjut) ingkang sampun ngungkuraken dhumateng kadonyan.
Watakipun tembang menika semangat prawira amargi tiyang ingkang kersa ngendhaleni napsu (kamurkaan) kanthi saestu, temen-temen saha tumemen.




10. Megatruh.

Tembang menika anggambaraken wekdal puput yuswa (seda,pejah), pisahipun nyawa kaliyan raga.
Watakipun tembang menika susah, nelangsa, prihatos, saha kuciwa menawi dereng mertobat, ngathahaken tumindak ingkang sae.




11. Pocung.

Miturut maknane, tembang pocung iku nggambarake mangsa nalika wis dipocong utawa mati.
Watake sembrana, sakpenake.
Manungso kang wis sedo bakal lali ing sakabehe, turune sakpenake. Kabeh gumatung marang sanak sedulur kang ngurukti. Ing kene duwe pangerten lamun tembang pocung iku anggambarake manungso iku lamun wis titi wancine tinimbalan dening gusti kang Maha Kuasa ora bisa apa-apa, anane mung sumarah utawi manut, mula diarani sakpenake.




nahh itu saja pembahasan kita kali ini, jika mungkin ada kesalahan penulisan dalam konsep materi yang telah saya sampaikan, saya mengucapkan mohon maaf yang sebesar besarnya. karena saya sendiri juga merupakan manusia yang tidak luput dari salah dan dosa, jika teman teman teman berkenan silahkan teman teman bisa ikuti saya dan memberikan kritik ataupun saran pada kolom komentar dibawah. Dan saya ucapkan terimakasih karena telah mengunjungi blog saya yang sederhana ini.
wasalamu'alaikum warah matullahi wabarakatuh.

Belum ada Komentar untuk "Falsafahipun Tembang Macapat"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel