Geguritan

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.
Salam sejahtera buat teman-teman semoga kita selalu dalam lindungan Allah SWT. Amin yarobal alamin.


Hai teman-teman.!
Apakah teman-teman sudah mengetahui apa itu geguritan.?
Jika belum pada tahu pas banget nih teman-teman, karena pada kesempatan kali ini kami ingin mengupas tentang apa itu geguritan secara tuntas.
Oke langsung saja ya.!

Geguritan


Tembung geguritan dumadi saka tembung lingga gurit, kang tegese tulisan awujud reroncenging tembung kanthi paugeran tartamtu utawa karangan kang awujud puisi jawa.

Geguritan bisa endah lan penak dirasake kang maca nganggo irama kang becik lan panggone tembung-tembung dipilih tembung kang endah.

Geguritan minangka asil polahing jiwa manungso kang awujud tulisan.



Geguritan kaperang dados 2, yaiku geguritan kuna lan geguritan modern.
Dene bedhane geguritan kuna lan geguritan modern yaiku:



Geguritan Kuna

-Diwiwiti nganggo tembung sun.

-cacahing gatra ora ajeg, nanging sithike papat.

-cacahing wanda ing gatra siji lan sijine kudu padha akehe.

-tibaning guru lagu kudu runtut.




Geguritan anyar/modern

-ora ono paugeran kang gumatok

-basane dudu basa padinan

-ana rima, irama, lan intonasi.




Supaya bisa nulis sawijining geguritan kanthi becik lan yen diwoco kepenak dirasake kudu dipikir babagan kaya ing ngisor iki:

-milih tema kang trep.

-nggatekake diksi. (nggunakake tembung-tembung kang jumbuh lan trep karo bab kanga rep diandharakake.

-bisa nganggo purwakanthi ing ukara-ukara supaya katon endah.

-nggatekake paramasastra basane. Umpami nganggo ukara sambawa, ukara camboran lan liya-liyane. Kabeh mau due pangajab supaya weling utawi amanat saka pangripta bisa tekan pamaose.




Unsur-unsur Geguritan.

A. Isine geguritan

B. Tema

C. Parafrase Geguritan

D. Pesen pengarang marang pamaos (amanat)

E. Kaendahan geguritan

a. Majas hiperbola (Pepindahan seng keliwat/diluweh-luwehke)

Tuladha:
-mabur dhuwur nganglang langit numpak mega-mega.
-togna menyang ngendi abur jiwane.

b. Metafora (pepindahan/diumpamake)

tuladha:
-andom lelana sinambi methaki lintang kartika.
-aja ditanduri jenu/senthe.




Ciri-ciri geguritan:

-ora kawengku ing pathokan

-Migunake tembung-tembung pilihan

-cacahe larikan ora katemtokake

-sajak akhir bebas

-Dudu basa padinon/sama

-arang-arang migunake tembung pangiket

-sawetara nggunake tembung kawi

-Isisne mentes

-kadhangkala nggunake purwakanthi basa, swara, lan sastra.




Rerurutan gawe geguritan:

1. Nemtoake tema geguritan

2. Menehi judul/sesirah

3. Milih tembung lan ukara seng mentes

4. Golek lan ngrakit ukara kang ana bobote susastra

5. Konsentrasi kang serius kanggo nglancarake daya imajinasi

6. Diwoco bola-bali lan diteliti maneh endi seng kurang trep.



Teko kene wes podo paham to mengenai bab geguritan.!



nahh itu saja pembahasan kita kali ini, jika mungkin ada kesalahan penulisan dalam konsep materi yang telah saya sampaikan, saya mengucapkan mohon maaf yang sebesar besarnya. karena saya sendiri juga merupakan manusia yang tidak luput dari salah dan dosa, jika teman teman teman berkenan silahkan teman teman bisa ikuti saya dan memberikan kritik ataupun saran pada kolom komentar dibawah. Dan saya ucapkan terimakasih karena telah mengunjungi blog saya yang sederhana ini.
wasalamu'alaikum warah matullahi wabarakatuh.

Belum ada Komentar untuk "Geguritan"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel