Cerita Rakyat Ing Bahasa Jawa

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.
Salam sejahtera buat teman-teman semoga kita selalu dalam lindungan Allah SWT. Amin yarobal alamin.


Cerita Rakyat Ing Bahasa Jawa



Pangertene Cerita Rakyat.

Cerita rakyat yaiku cerita kang ngrembaka ing sawijining daerah lan dianggep minangka asil karya kolektif (bebarengan) karo masyarakat ing papan kono.

Tuladha ing tanah jawi iki akeh cerita rakyat kang ngrembaka, lan bisa awujud legendha, dongeng, mite, lan sapanunggalane, kayata keong mas, rawa pening lan sakpiturute.



Unsur cerita Rakyat.

Sami karo karya sastra cerito liane, unsure-unsur pembangun cerito rakyat (terra, latar/setting, penokohan, alur, pesen, punjering cerito/sudut pandang, lan konflik), wos surasane cerito.


-Tema

Tema iku minangka ide pokok utawa permasalahan utama kang dasari lakuning cerita.


-Setting

Setting iku minangka latar belakang kang mbantu cethaning laku cerita.
Setting iku ngemot waktu, papan/panggonan, lan sosial budaya.


-Sudut Pandang

Sudut pandang ing cerito rakyat yaiku ceritake tokoh, baring, papan, kewan, lan sakpiturute.


-Alur/plot
Alur/plot yiku rerangkening/cengkoronganing prastawa/kedadean ing cerito.
Alur diperang dadi 2 perangan. Alur Maju (progresif) lan Alur Mundur (Flash back progresif).



-Penokohan

Penokohan iku nggambarake karakter kanggo paraga/pelaku. Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake, cirri fisike, lingkungane lan sak piturute.



-Konflik

Konflik yaiku perkara kang dadi punjere cerito, ing perangan iki pancen diketokake perkara apa kang ndadeke cerita iki dadi narik kawigetan. Sansaya jlimet lan sedih anggone gawe konflik, ndadekake cerita iku ngundhakake kawigetane pandheme.




Karakter Cerita Rakyat

Cerito Rakyat yaiku perangan karya sastra lisan kang nduweni karakter kaya ing ngisor iki.

-Anonim, tegese cerita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit.

-Kolektif, merga ora kaweruhan sapa sing nganggit cerita mau dadi duweke masyarkat bebarengan.

-diceritake kanthi lesan.

-sing nyeritake saka generasi ke generasi.


Amarga  ciri kasebut cerita rakyat gampang owah, sok saga bisa nambahi mula akeh versi miturut papan kanthi utawa panggonan sing nyeritake.



Jinising Cerita rakyat.

Saben daerah mesti nduweni cerita rakyat kang beda-beda. Nanging amarga ana owah gingsiring jaman, kaya-kaya saiki para generasi mudha wis padha lali malah kepara ora ngerti cerita rakyat apa bae.

Sejatine cerita rakyat iku ngemu surasa kang gedhe banget kanggo bocah-bocah, kasuse kanggo pendidikan budhi pakerti. Kayata cerita kancil lan baya, malin kundang, lan sakpiturute.


Cerita Rakyat Biasa kaperang dadi:

1.       Cerita Fiksi.

-Mite, yaiku dongeng sing ana sesambungane karo alam lelembut utawi alam gaib.
Tuladha: Nyi roro kidul, siluman boyo putih, kuntilanak lan sak piturute.

-Fabel, yaiku dongeng kang paragane awujud kewan kang biso celatu koyo dening manungso.
Tuladha: Kancil nyolong timun, Kancil lan boyo, lan sakpiturute.

-Legenda, yaiku dongeng kang nyeritake kedadean dumadine sawijining papan utawa barang
Tuladha: asal usul rawa pening, kedadean kutho boyolali lan sakpiturute

-Sage, yaiku cerita kepahlawanan.


2.       Cerita Non Fiksi

-Hikayat, yaiku cerita kang mbahas paragane kanthi jelas.
Tuladha: Hikayat Hang Tuah, Hikayat bahtiar, lan liya-liyane.

-Babad, yaiku cerita kang ana bukti nyatane, ananging wis ketambahan cerita kang ora nggenah sumber asline.
Tuladhane: Babad Tanah jawi, babad mataram lan sak piturute.

-Sejarah yaiku cerita nyata kedadeane la nana buktine.
Tuladha: sejarah jendral sudirman, sejarah soekarno lan sak piturute.

-Roman, yaiku cerita kang nggambarake uripe pawongan wiwit lair nganti tekan patine.
Tuladha: Roman Adat, Roman Sosial lan sak piturute.




Sinopsis

Sinopsis yaiku ringkesan cerita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehna cerita sakabehe. Nalika bakal nulis synopsis, bab-bab kang kudu digatekake yaiku:

-Tema: gagasan pokok

-Latar: papan lan waktu dumadine prastawa

-Alur: Lakuning Cerita

-Penokohan: Paraga cerita

Saka katerangan kasebut banjur bisa digawe synopsis



nahh itu saja pembahasan kita kali ini, jika mungkin ada kesalahan penulisan dalam konsep materi yang telah saya sampaikan, saya mengucapkan mohon maaf yang sebesar besarnya. karena saya sendiri juga merupakan manusia yang tidak luput dari salah dan dosa, jika teman teman teman berkenan silahkan teman teman bisa ikuti saya dan memberikan kritik ataupun saran pada kolom komentar dibawah. Dan saya ucapkan terimakasih karena telah mengunjungi blog saya yang sederhana ini.

wasalamu'alaikum warah matullahi wabarakatuh.

Belum ada Komentar untuk "Cerita Rakyat Ing Bahasa Jawa"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel