Contoh Teks Pranatacara Temanten

khususnya bagi orang suku jawa pasti tidak asing lagi dengan apa itu prantacara. pranatacara adalah sejenis pembawa acara pada acara adat jawa, acara tersebut bisa berupa acara pernikahan, kematian, perjamuan dan lain sebagainya. prantacara juga biasa diajarkan pada mata pelajaran bahasa jawa.

pada kesempatan kali ini saya akan berbagi contoh prantacara temanten. mungkin contoh ini dapat dijadikan referensi dalam pembuatan tugas maupun hanya untuk mengisi rasa haus pengetahuan teman-teman tentang adat jawa .


Asslamulaikum wr.wb 

Katur dhumateng para alim, ulama, para sepuh, adisepuh miwah pinisepuh ingkang satuhu dahat kinabekten. Para pangemban pangembating praja ingkang luhur ing budi, lan ugi para kakung sumawana putri ingkang winantu ing suka basuki. Saderengipun kula matur, keparengaken panjenengan paring pangapunten dhateng jasad kula, awit sampun nggempil kamardikan panjenengan sedaya.

            Langkung rumiyin, mangga ngonjukaken puja puji sesarengan dhumateng ngarsa dalem Allah SWT awit saking nugrahing ingkang lumeber dhateng kula panjenengan sedaya, katitik ing wekdal samenika kita saged makempal ing dalemipun ingkang minulya bapa.....................(kang nduwe gawe). Sedaya kabagyan, karaharjan, katentreman saha kamulyan mugya tansah kasarira panjenengan sami, utaminipun kulawarga agung Bapa.........................(kang nduwe gawe).

            Para rawuh kakung sumawana putri ingkang winantu ing suka rahayu. Keparengan kula ngaturaken rantaman urutaning titi laksana adicara ing pahargyan menika.

1. purwaning adicara

2 waosan ayat suci Al –quran dening.................................

3. atur serah pinanganten kakung, dening..............................

4. atur tampi pinanganten kakung, dening...................................

5. dedonga dening bapa..........................

6. hiburan campursari/..................../.............................

            Para rawuh, mekaten menggah rancangan epitaning adicara pahargyan menika. Sumangga keparenga sami ngenut lampahing adicara kanthi sekeca saha mardika.

            Dene purwaning adicara kula wiwiti. Para rawuh kakung sumawana putri, para winasis sapun paring pangandikan, bilih siji garising pati, loro temune jodho, telu tumurune wahyu, papat munggahe pangkat, lima tibaning nugraha. Kabeh wus kapurba dening Sang Hyang Suksma. Dados bab jejodhoan menika estunipun sampun dipunsengker dening wasesaning Gusti Allah SWT.

            Semanten wigatosanipun bab jejodhoan menika, menggahing tiyang Jawi dados mirunggan. Awit jejodhowan minangka bibit kawitipun wiji sejati. Menggahipun bebrayan Jawi. Langkung inggil jeneng katimbang jenang, ing wekdal samenika kalampahaken resepti temanten antawisipun Dyah Ayu......................saking kulawarga Bapa.......................kaliyan Den Bagus....................saking kulawarga bapa......................... mugi2 anggenipun nglampahi bebrayan enggal ngantos mimi lan mintuna dadosa kulawarga sakinah, mawaddah, warohmah. Amin allahuma amin.

            Kanthi waosan basmallah, purwaning adicara sampun kalampahan. Bismillahirrahmanirrahim....

2. waosan ayat suci Al-Quran, dening.............

3. atur serah pinanganten kakung, dening.............

4. atur tampi pinanganten kakung, dening...............

5. dedonga dening bapa..............

6. hiburan campursari sanggar Bharada

            Adicara sampun kalampahaken kanthi lancar, para tamu kakung sumawana putri mangga sami jumeneng, hangaturaken pangayubagya dhateng kulawarga ingkang sampun dados bebesanan inggih menika kulawarga bapa.....................kalih kulawarga bapa...................utaminipun kagem temanten kekalih, mugya pinanganten kekalih saged kados dene mimi lan mintuna.

Pangayubagya menika kairing kanthi campursari sanggar bharada, ingkang sampun ngrawuhaken artis-artis inggih menika.....................

            Dene adicara ingkang badhe kalampahan inggih menika adicara sunggingan. Arsa den pandhegani dening juru sungging Kholik Production. Ingkang mijil saking Nganjuk.

            Para rawuh kakung sumawana putri, sampun rampung adicara menika. Mbok bilih anggen kula dados pambiwara sampun gonyak ganyuk nglingsemi ingkang andadosaken kirang remening penggalih panjenengan paring gunging samudra pangaksama. Tinebihna saking tulak sarik, kinipatna saking pidana.

Nuwun, wassalamualaikum wr. wb 

Belum ada Komentar untuk "Contoh Teks Pranatacara Temanten"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel