Katrangan, Pangerten, Tinulis, lan Sarana Pariwara

Katrangan, Pangerten,  Tinulis, lan Sarana Pariwara

 



A.    Katrangan Pariwara

Wara-wara (pengumuman) yaiku salah sawijining wujud pawarta utawa layang/nawala (surat) kang katujokake marang umum. Mula saka iku, wara-wara iku warta kang asipat ora resmi. Surasane ora ana disingidake kabeh kang dikarepake diblakakake. Wara-wara iku nggone gawe kudu isa narik kawigetan marang kang bakal maca/ngrungokake, mula saka iku kudu cekak aos, lan cetha. Malah anggone gawe wara-wara uga kudu iso kreatif lan inovatif.

 

a.      Perangan wara-wara iku kudu nggatekake:

1.      Sapa kang nggawe

2.      Kanggo sopo

3.      Isi//swasanane apa

b.      Perangane pariwara yaiku:

1.      Adaniyah

2.      Pembuka

3.      Surasa

4.      Wasana

5.      Papan lan titi mangsa

6.      Papunden lan asma terang

c.       Jinise pariwara yaiku:

1.      Pariwara/iklan

2.      Brosur

3.      Pamphlet

4.      Lelayu

5.      Baliho

6.      Kampanye

7.      Lsp

 

B.     Pangertene Pariwara/Iklan

Pariwara/iklan iku sawijjining pesen babagan barang/jasa kang digawe dening produsen kang diandharake lumantar media (cetak, audio, elektronik) utawi papan panggonan umum kang ditujokake marang bebrayan agung. Ancase pariwara iku supaya masyarakat kesengsem gelem tuku utawi nggunake barang atau jasa kasebut.

 

a.      Bab kanng perlu digatekake nalika gawe pariwara yaiku:

1.      Ukara  cekak aos

2.      Basane prasaja, gampang ditampa lan dipahami

3.      Tulisan lann gambare narik kawigeten.

 

C.    Pariwara tinulis (cara panggaweane)

a.      Gawenen tampilan layout kang prasaja/sederhana.

Tampilan kang prasaja yaiku focus, imbang/simetris, ukuran, wujud, garis. Tipografi kang narik kawigaten.

b.      Deasain werna

Pemilihan warna kang pas ndadekake pariwara iku nyenengake. Carane:

1.      Olahen warna Dadi werna kang bisa narik kawigaten

2.      Gawenen werna kang kontras

c.       Headline lan isi utama desain

Gampang anggone macapariwara dadi babagan kanng penting. Babagan visual bisa digawe mengkone..

d.      Gaya tulisan

1.      Italics utama miring yaiku: menehi kesan aksi, cepet, progresif

2.      Aksara capital yaiku: menehi kesan formal, lan konservatif

3.      Huruf kecil yaiku: menehi kesan ramah lan asor

4.      Aja nggunake aksara capital ing isi utama nggunnake font berukir

5.      Bayangan menehi kesan 3d ing tulisan

6.      Tulisan script  yaiku menehi kesan feminism

7.      Aksara kandel menehi kesan mmaskulin

8.      Gunakake tipe font kang jumbuh kanggo pariwara. Aja nggunake maneka warna tipe huruf font. Diwatesi udakarra 2 utawi 4 tipe huruf font.

 

D.    Priwara radio

Iklan ing radio duwe cakrik (karakteristik) kayata:

1.      Theater of the mind

Tegese pariwara kang dirungokake kudu ngemot pesen kang ndadekake pamiyarsane duwe angen-angen tumrap pariwara kang dirungokake.

2.      Pribadi

Tegese pariwara radio pesene kaya-kaya ngomong lanngsung marang pamirsane

 

Pariwara radio iku lumrahe mung diwartake satleraman. Mula saka iku panulisane teks pariwara becike:

1.      Nulis kanggo micara, ora diwaca utawa disawang.

Tembung kang digunakake yaiku tembung lan ukara kang gampang ditampa. Amarga kang dituju iku pangrungone dudu panyawange.

2.      Nulis minangka wujud komunikasi langsung.

Mula kudu focus marang pamirsane ora menyang liane

3.      Nulis kanthi kreatif saka individu siji marang liane.

Mula kudu nuwuhake rasa keakraban komunikasi personal. Carane:

·         Nyingkiri nulis kanthi sesorah

·         Swara tulisan kudu mujudake swasana informal

·         Naskahe kudu nyipta swasana akrab

·         Naskahe kudu komunikatif satema, saukara, cekak lan aos

·         Nulis kanthi ancas langsung dipahami. Mula aja kedawan ukarane

·         Tembung ngemu kasunyatan lan aja nggunakake tembung-tembung kang meh podho pangucapane

Pariwara radio iku nggunakake: swara manungso, music, jingle, lan efek swara.

E.     Pariwara TV

Cakrik pariwara TV yaiku:

1.      Pesen saka produk yaiku, audio, visual, lan gerak. Mula ora mung ing babagan tulisan/naskah nanging tampilan kanng menarik kawigaten iku kang disenengi.

2.      Pirand ing pariwara TV luwih genep tinimbang pariwara radio

 

Nah itu tadi adalah beberapa penjelasan terkait pariwara. Semoga dapat bermanfaat sampai jummpa

SALAM LITERASI

Belum ada Komentar untuk "Katrangan, Pangerten, Tinulis, lan Sarana Pariwara"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel