8 Jenis Wacana Eksposisi lan Tuladhane

8 Jenis Wacana Eksposisi lan Tuladhane

 

Wacana eksposisi kaperang dadi pirang-pirang jinis kaya ing ngisor iki

1.      Eksposisi Definisi

Yaiku ganjaran kang njlentrehake mawa menehi katrangan utawa teges babagan kang focus lan menehi karakteristik kang komplit.

 

Tuladha eksposisi definisi yaiku:

Tiwul yaiku panganan kang bisa kanggo ganti sega. Tiwul digawe saka pohung lan nduweni rasa kang khas. Rasa gapleke isih kenthhel banget. Tiwul akeh dipangan para kadang kang uripe ing tlatah gunung kidul. Tiwul minangka panganan pengganti beras pancen kadhungan kalorine iseh nang ngisore beras.

 

2.      Eksposisi Proses Tatacara

Yaiku wacana kang njlentrehake urutaning kedadean utawa prastawa. Biasane akeh ditemokake ing buku-buku petunjuk pegawean, cara-cara tertentu, lan sapanunggalane.

 

Tuladha eksposisi Proses Tatacara:

Carane gawe kerupuk bisa kanthi manual. Carane yaiku adonan digawe lonjor-lonjor dawa. Sakwise dadi lonjoran banjur dimasak kanthi dikukus. Yen wes mateng banjur di iris lan dipepe. Irisan krupuk kang wis garing banjur di goring ing lenga panas. Lonjoran krupuk iki bisa digawe saka godong utawa saka plastic. Krupuk kang dipepe iku nduweni ancas supaya nalika digoreng dadi mekar. Krupuk kalebu panganan kang cepet gosong nalika digoreng, dadi menawa goring kerupuk cukup sedelo wae, aja ngasi krupuk dadi gosong. Yen nganti gosonng krupuk dadi pait lan ireng.

 

3.      Eksposisi Klasifikasi

Yaiku wacana kanggo nglompokake babagann kang nduweni sipat kang padha ing kategori-kategori tertentu.

 

Tuladha Eksposisi Klasifikasi:

Pemerintah arep maringi bantuan pembangunan omah utawa bangunan kanggo korban lindhu. Bantuan pembangunan omah utawa bangunan kasebut dipasake karo tingkat kerusakane. Warga kang daleme rusak entheng oleh bantuan udakara 10 juta. Warga kang daleme rusak sedeng oleh bantuan udakara 20 juta. Warga kang daleme rusak parah oleh bantuan udakara 30 juta. Calon warga kang nerima bantuan kasebut ditentokake dening aparat dusun ing kono lan pangawas saka LSM.

 

4.      Eksposisi Ilustrasi

Yaiku wacana kang sipate umum kang mrelokake tuladha atau contoh/conto sing sipate nyata. Anggone ngembangake nggunake gambaran kang sederhana utawa bentuk konkrit pemikiran.

 

Tuladha Eksposisi Ilustrasi

Apa panjenengan wes tau ngadhepi kahanan rasa kewedhen? Kepriye cara ngatasine? Ing ngisor iki bakal di jlentrehake solusine. Ana limang jurus kanggo ngadepi rasa wedi kasebut. Kanggo ngilangake rasa wedi sing sepisan yaiku, nyiapake mental sak apik-apike menawa ngadhepi kahanan kasebut. Kaloro yaiku nyinau kahanan kanthi sakapik-apike dadi bisa nguasani kahanan lan siap menawa ngadhepi kedadean apa bae kang bakal kelakon. Ketelu, yaiku mbangun rasa percaya diri. Kepapat yaiku,  kudu bisa ngendaleni rasa yakin marang diri pribadi menawa rasa yakin marang diri iku wes tuwuh. Kelima yaiku, supaya tambah yakin marang diri mula kudu asring gladden utawa sinau kang tenanan.

 

5.      Eksposisi Perbandingan

Yaiku gancaran kang dijlentrehake kanthi migunake 2 sudut pandang. Carane nerangake ide apa ing ukara kanthi mbandingake siji lan sijine.

 

Tuladha Eksposisi Perbandingan

Sing cetha kacilakaan Hercules C-130 duweke TNI AU mau nambahi tansaya akeh daftar kacilakaan motor mabur duweke TNI AU. Pancen akeh seng kanda yen sejatine motor mabur duweke Negara mau akeh sing wis padha  tuwa lan diganti.  nanging gandheng alasan anggaran ora nyukupi, kepeksa motor mabur tuwa isih tetep digunake kannggo ngangkut wong lan barang-barang liane. Apa ya pancen kacilakaan maun bener-bener amarga saka umure motor mabur mau sing wis tua utawa saka sebab liane? Ditunggu was saka asil saka katrangan pamarintah sebab musababe kacilakaan motor mabur kasebut.

 

6.      Eksposisi Laporan

Yaiku gancaran kang sistematis kanggo nglaporake kedadean kanng wis kedaden sak durunge.

 

Tuladha Eksposisi Laporan

Durung suwe iki pancen wis tau dikabarake yen akeh motor mabur sing podo nemahi kacilakaan ing mancanegara utawa ing Indonesia. Durung ono rong sasi kabar mau, lha kok kesusul meneh kedadean montor mabur tiba durung sue iki, pase ing desa Geplak, Kecamatan Karas, Magetan, Jawa Timur rikala ing dina rabu esuk kira-kira jam setengah pitu tanggal 20 mei 2009, nalika bangsa Indonesia mengeti hari kebangkitan nasional. Montor mabur kang tiba lan kobong mau duweke TNI AU jenis Hercules C-130 nomer A-1325. Miturut pawarta saka layang kabar lan tv, montor mabur kasebut budhal saka pangkalan Lapangan Halim Perdana Kusuma Jakarta tumuju daerah Biak, Papua. Nanging durung nganti tekan papan kang dituju, lan nalika arep mampir ing Lapangan Udara Iswahyudi Madiun motor mabur kasebut nemahi kecelakaan.

 

7.      Eksposisi Berita

Yaiku gancaran kang isine pawarta ngenani kedadeyan. Biasane wacana iki akeh ditemokake ana ing ariwarti.

 

Tuladha Eksposisi Berita

Tempat pembuangan sampah akhir, ngablak, situmulya, piyungan, Bantul dipun bikak wiwit taun 1996. Papan ingkang reged lan nggenda kasebut tumraping tiyang ing sakiwo tengene TPA, oranyata mboten ndadosake perkawis napa menapa, kepara mujudaken papan ingkng rejekine. Ing wekdal sakkawit, sak derengipun TPA menika dipun bukak, kawontenaning dipunbikak, anggesanginging warga mbaka sekedik saya mindhak sae awitndayakaken uwuh ing papan munika

 

8.      Eksposisi Sebab Akibat

Yaiku gancaran kang gunakake pola sebab akibat

 

Tuladha Eksposisi Sebat Akibat

Yen ditilik saka kahanan kang sejatine, sajake iseh akeh warga Surabaya kang mbuang uwuh ana ing sadengah panggonan. Kamangkaning uwuh mau saged bunteti saluran air. Akibate, ing sadengah panggunan tuwuh banjir.

 

 

Nah itu tadi adalah 8 jinising Wacana Eksposisi, semoga bermanfaat, dan terimakasih

 

Salam Literasi

Belum ada Komentar untuk "8 Jenis Wacana Eksposisi lan Tuladhane"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel