Wacana Eksposisi Basa Jawa


Wacana Eksposisi Basa Jawa

Wacana eksposisi yaiku wacana Kang diandharake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya Pak Mas oleh informasi Kang genep Babakan sawijining objek, sabanjure pengerten pamaos bisa mundhak.

Paragraf eksposisi trep banget kanggo njlenthrekake uraian-uraian ilmiah populer utawi uraian-uraian ilmiah kang ora ngujuk-ngujuki pamaose.

Topik sajeroning eksposisi yoiku woh pamikir utawa ide, pangrasa, penemu penulis kang bakal di jlentrehake. Koyo mengkono iku karep diarani ide pokok.

Ngembangake gagasan kanthi pola pengembangan eksposisi mbutuhake proses mikir utawa intelektual. Penjelasan proses utawa operasional iku penjelasan kang mbudidaya mangsuli pitakon-pitakon ing ngisor iki:

• Kepriye sawijining prakarya kacipta
• Kepriye dumadining prakarya kasebut
• Objek utawa bab iki klebu ing tahap endhi
• Objek utawa tahapan iki dumadi saka tahap-tahap kang endhi wae

1. Wacana eksposisi kudu ngemot paragan-paragan kaya ing ngisor iki:

• Njlentrehake panemu, gagasan lan keyakinan
• Mrelokake fakta kang dikuatake utawa dicethakake nganggo angka, peta statistik, grafik, organigram, gambar lan sakpiturute
• Mrelokake analisis lan sintesisi nalika ngonceki bahan lan fakta
• Nggoleki sumber ide saka pengalaman, pengamatan, sikap lan keyakinan.


2. Titenane Teks Eksposisi

• Ngandharake informasi-informasi
• Cakrik informasine ngajak-ngajak
• Andharane cetha lan nganggo basa baku
• Ora maksa kekarepane penulis marang pamaos


3. Struktur teks eksposisi

• Tesis (pembuka)
• Argumentasi (isi)
• Penegasan ulang.


4. Ancas panulise teks eksposisi
Ancas teks eksposisi yaiku kanggo njlentrehake informasi-informasi tinamtu kang narik kawigaten tundhone ngajak pamaca liyane melu maca.

Belum ada Komentar untuk "Wacana Eksposisi Basa Jawa"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel